Materi bahasa Jawa kelas 7

 Petunjuk :

Sebelum belajar silahkan berdoa terlebih dahulu.

Silahkan di tulis di buku bahasa Jawa.

Materi :

Tembung rura basa, tembung entar, tembung yogyaswara, tembung camboran, tembung saroja, tembung garba
a.    Ruro basa yaiku basa sing salah kaprah (basa rusak) nanging wis lumrah digunakake.
Tuladha: nggodog wedhang, mangan awan, mikul dhawet, adang sego, nguleg sambel.
b.    Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune.
Tuladha Abang kupinge (nesu), Abang-abang lambe (ora temenan), Abang raine (nandhang wiring).
c.    Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dienggo bebarengan.
Conto: Mripate abang mbranang (abang banget), Muga-muga enggal bagas waras (adoh saka lelara).
d.    Tembung Garba yaiku tembung lara utawa luwih kang diringkes dadi siji kanthi nyuda wandane, lumrahe ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan.
Contoh:

Narendra      : Nara + endra
Lagyantuk     : Lagi+ antuk
Kapyarsa       : kapireng+ arsa
Lumebeng     : lumebu+ing
Malebeng      : malebu+ing
Prapteng      : prapta+ing
Sinom           : isih enom
Tumekeng     : tumeka+ing
Yeku             : ya+iku
Kalokengrat  : kaloka+ing+rat


Komentar

Postingan populer dari blog ini

LATIHAN SOAL BAHASA JAWA PAT TAHUN 2024 KELAS 8