LATIHAN PAT SOAL BAHASA JAWA 2023/2024 KELAS 7
LATIHAN PAT SOAL BAHASA JAWA 2023/2024 KELAS 7
1. Gatekna wacan ing ngisor iki!
Nusakambangan
Wengi ing segara anakan dadi seksi
Rembulan ngambang ing pucuking
mahoni
seka kadohan nggembuleng medeni
suker angker kebak wewaler
kinupeng samodra tanpa winates
Isi pratelan geguritan ing dhuwur
yaiku .....
A. Wayah
wengi ana ing Nusakambangan
B. Kaendahan
pulau Nusakambangan
C. Wayah
esuk ing Nusakambangan
D. Wisata
ing pulau Nusakambangan
2. Suker angker kebak wewaler. Tegese
tembung suker yaiku .....
A. medeni
C. reged
B. wates D. larangan
3. Nangka jeruk, jambu nanas .....
Larik isi kang trep kanggo parikan
ing dhuwur yaiku .....
A. Luwih
becilk sing prasaja
B. Ati
njontong, pikir bingung
C. Kowe
kok macak arep menyang ngendi
D. Rada
watuk, ngelu panas
4. Pitik walik saba meja. Cangkriman ing
dhuwur kalebu .....
A. Cangkriman
plesedan
B. Cangkriman
wancahan
C. Cangkriman
irib-iriban
D. Cangkriman
ing tembang
5. Kula didhawuhi Ibu ..... ulem woten
peken.
Tembung kang trep kanggo nggenepi
ukara ing dhuwur yaiku .....
A. tuku
C. mundhut
B. tumbas D. mendhet
6. Ukara ing ngisor iki kang bener manut
unggah-ungguhe yaiku .....
A. Bapak
menyang Jakarta.
B. Budhe
tindak peken.
C. Budi
nedha sega liwet.
D. Simbah
tuku jeruk kalih kilogram.
7. Tembang Macapat kang tegese kanoman,
minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngangsu
kawruh sak akeh-akehe yaiku tembang .....
A. Kinanthi
C. Pangkur
B. Sinom D. Pocung
8. Tembang Macapat Kinanthi cacahe ana
..... gatra.
A. 6
C. 8
B. 7 D. 9
9. Gatekna gambar ing ngisor iki!
Ukara aksara Jawa iki menawa
ditulis latin unine .....
A. Aku
duwe dara cacah lima.
B. Aku
dhuwe dara cacah lima.
C. Aku
duwe dara cacahe lima.
D. Aku
dhuwe dara cacahe lima.
10. Panganggone pasangan kang padha karo
aksarane tinemu ing panulisan....
A. nyekel
kapak C. bapak tindak
B. adol
gabah D. panen pari
11. Ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan
yaiku .....
A. Gambuh,
Asmaradana, Gundhul-gundhul pacul
B. Cublak-cublak
suweng, Sinom, Pocung
C. Menthok-menthok,
Jaranan, Dhandhanggula
D. Menthok-menthok,
Jaranan, Gundhul-gundhul pacul
12. Ing ngisor iki kang kalebu crita
pangalaman kang nyenengake yaiku .....
A. Ketinggalan
kreta
B. Wisata
ing Gembiraloka
C. Tiba
saka sepedha montor
D. Kasep
anggone mangkat sekolah
13. Tuna satak bathi sanak tegese .....
A. Bisa
njunjung drajate wong tuwa.
B. Rugi
bandha nanging bathi paseduluran.
C. Bisa
kaleksanan panjangkane merga dongane wong akeh
D. Rupane
bagus/ ayu tur luhur bebudene
14. Gatekna gambar ing ngisor iki!
Gamelan iki jenenge yaiku .....
A. Kempul
C. Kethuk
B. Saron D. Bonang
15. Perangane carita wayang metune punakawan
(Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) diarani .....
A. Gunungan
C. Limbukan
B. Gara-gara D. Perang
Pitakonan
kanggo nomer 16 - 17!
Rasa
Lega
(Dening
: Anik W)
...........................................
Banyu
langit ceblok saka angkasa
Nyangking
hawa seger
Ngindhit
rasa adhem
Nggegem
pangarep-arep kang gawe tentrem
Nelesi
jagad raya kang nandhang lapa.
16. Tembung kang kacithak kandel manut
strukture ngetrapake panganggone .....
A. lelewaning
basa
B. pamilihe
tembung (diksi)
C. pengimajian
D. purwakanthi
17. Punggelan teks geguritan kasebut
migunakake lelewaning basa (majas) .....
A. metafora
C. personifikasi
B. hiperbola D. litotes
Pitakonan
kanggo nomer 18 - 22!
Tatag,
Teteg, Tanggon
Dening
: J. Bilowo
…………………………...................
Putu
wayah padha gatekna
Warok
Gunoseco madegake watak perwira
Netepi
kang dadi pangandika
Nuhoni
dhawuh prasetya
18. Tembung “putu wayah” ing geguritan
kasebut, yaiku .....
A. tembung
garba
B. tembung
kauwuhan
C. tembung
saroja
D. tembung
dasanama
19. Purwakanthi kang tinemu ing saben
pungkasane gatra ing geguritan kasebut jinise purwakanthi .....
A. guru
sastra C. guru swara
B. guru
basa D. guru gatra
20. Tembung “Tatag Teteg Tanggon” yen kadulu
saka struktur fisike kalebu jinise purwakanthi .....
A. guru
sastra C. guru lumaksita
B. guru
basa D. guru swara
21. Piwulang luhur kang bisa dijupuk saka
pethikan teks geguritan kasebut, yaiku .....
A. Dadi
wong kuwi kudu ngugemi janji.
B. Dadi
putune warok kuwi kondhang kaloka
C. Dadia
warok supaya bisa urip mulya
D. Yen
didhawuhi kuwi ora prelu dituhoni.
22. Nada kang kinandhut ing sajrone teks
geguritan kasebut, yaiku .....
A. ngguroni
C. nggodha
B. nyindhir D. ngandhani
Pitakonan
kanggo nomer 23 -24!
Reyog
Geger ing Palagan
(Dening
F. Dika Herawati)
......................................
Kutha
kang kaloka
Datan
gugur anane mangsa
Geger
ing sawijining dina
Kebak
atma putuning bupala
23. Tembung kaloka dasanamane, yaiku .....
A. jembar
C. kondhang
B. regeng D. maju
24. Tembung kawuwuhan ing gatra katelu
geguritan kasebut, yaiku .....
A. geger
C. sawijining
B. ing D. dina
25. Gatekna gambar ing ngisor iki!
Yen katulis ing aksara Latin
yaiku....
A. Maca
koran lan buku.
B. Maca
kalawarti lan koran
C. Maca
buku lan koran.
D. Maca
koran lan kalawarti.
Pitakonan
kanggo nomer 26 - 27!
26. Perangan teks tembang kang diwenehi nomor
2 diarani .....
A. cakepan
C. pathet
B. titilaras D. laras
27. Perangan teks tembang kasebut kang
diwenehi nomer 1 diarani .....
A. cakepan
C. pathet
B. titilaras D. laras
28. Mbak Citra katon lungguh ana ing sandhinge
pasareane garwane. Pasuryane katon sedhih, luh tumetes saka netrane. Kurang
luwih rong dina kapungkur dheweke ditinggal seda garwane kang banget
ditresnani.
Tembang macapat kang mathuk kanggo
medharake rasa pangrasane mbak Citra, yaiku .....
A. Pucung
C. Asmarandana
B. Maskumambang D. Gambuh
Pitakonan
kanggo nomer 29 - 31!
Mangkonoilmu
kang nyata
Sanyatane
mung we reseping ati
Bungah
ingaran cubluk
Sukeng
tyas yen den ina
Nora
kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan
sadina-dina
Aja
mangkono wong urip
29. Guru gatrane tembang kasebut yaiku .....
A. 5
C. 7
B. 6 D. 8
30. Guru wilangan lan guru lagune tembang
kasebut, yaiku .....
A. 8a,
10i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
B. 8a,
12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 8a,
10i, 7u, 7a, 12u, 7a, 8i
D. 8a,
11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
31. Tembang kasebut kalebu jinise tembang
macapat .....
A. Pangkur
C. Asmarandana
B. Durma D. Kinanthi
32. Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Tembung kang kacithak kandel kalebu
tuladha tembung .....
A. camboran
C. pluta
B. saroja D. garba
33. Tuladhane tembung pluta ing teks tembang
macapat kasebut yaiku .....
A. sukeng
C. ina
B. den D. we
Pitakonan
kanggo nomer 34 - 35!
Pucung
Ngelmu
iku kalakone kanthi laku
Lekase
lawan kas
Tegese
kas nyantosani
Sedya
budya pangekese dur angkara
34. Tembang macapat kasebut ngemot pitutur
babagan .....
A. pendidikan
C. ekonomi
B. sosial D. pamarintahan
35. Ngelmu iku kalakone kanthi laku. Ukara
kasebut ngemu teges .....
A. Ilmu
kuwi kudu diburu.
B. Ilmu
kuwi ora kudu diamalake.
C. Ilmu
kuwi kawujud manawa ditindakake.
D. Ilmu
kuwi bisa teka dhewe tanpa ditindakake.
LINK KUNCI JAWABAN :
KUNCI JAWABAN
Komentar
Posting Komentar